Kamis, 17 Juli 2014

Bribikan Tapi Luput



Piye seng mbribik? Kok ra daden-daden? Opo kedhisikan wong liyo utowo konco? HAHAHAPPFTTT.
HALAH... Mending tuku b*gc*la sih isoh tekan afrika daripada nunggu bribikan, tapi bribikane nunggu seng liyo liyane kowe.


- Bribikan kuwi calon, durung dadi yangmu, durung sakpenuhe dadi hakmu, nek kowe racepet trus digondol seng liyo, kowe meh nyalahke sopo?? Bribikan? Yoraisoh.
Kono nunggu balesanmu, ramungkin to kono njaluk "Tembaken aku ndang..."?? Nek kowene kesuen kono genah kroso "Mungkin nyat aku rapatut nggo de,e". Nah barkuwi de,e golek seng luweh cepet, liyane kowe, LUPUT.


- Bribikan kuwi durung pasti, wes etuk bribikan, nek sms mbalese singkat-singkat, nek dijak ketemuan serba alesan raisoh, trus kowe nunggu, padahal kowene ramudeng nek kono nunggu seng liyo.. HUFT LUPUT.

- Bribikan kuwi iseh sayang masa lalune, Bahahaha, podo-podo sayang, podo-podo kesepian, akhire mung sayang mergo wes gelem dadi konco curhat, ditinggalke mergo wes isoh balen karo mantan. LUPUT.


- Bribikan kuwi akhire mung dadi firnedzone, yo koyo iklan kertu perdana kae lah, Ngomong kangen tapi mung sebatas kakak-adek.
Piye sih perasaanmu, wes saling sayang-sayangan, wes kangen-kangenan, lan wes saling nyaman tapi nyaman mung sebatas konco curhatan? HAHAHA, LUPUT.
- Bribikan kuwi....... Pas suatu saat de,e curhat neng kowe, sedih neng kowe, sambat neng kowe nek de,e kuwi sepi, njaluki tulung kon goleke yang? Terus tanpo sadar, nek kowe kuwi koyo raenek dinggo de,e selama iki. Duh seng sabar yo. LUPUT.


"Raperlu golek seng apik, goleko seng isoh ngerubah kowe dadi luwih apik."

Tapi padahal lupute wes suwe, tapi kok nganti yahmene iseh wae eling?
Mantan bribikan kuwi podo karo opo seng indah tapi ora lanjut, mbuh bakal dilanjutke kapan, utowo mung nganti sakmono mau kuwi tok.

Jenenge kenangan kuwi rabakal isoh dilalekke kecuali nek kowene amnesia ketabrak sepur, opo seng indah tetep bakal kelingan, koyo pas ameh turu di ucapke selamat malam, pas durung mangan di elikke, utowo pas kudanan di nggokke jakete neng awake ben ra kademen....
Opo isoh ngono kuwi kudu dilalekke? Yo ora! Seng penting ojo pernah gowo-gowo masa lalu kuwi pembanding kowe karo masa depanmu.

Indah yowes indah, tapi nek wes lalu yo biarlah berlalu ya!
Opo seng luput dadekno pengalaman dinggo oleh seng anyar, dinggo sinau kudu luweh peka, utowo luweh cepet gen ra kedisikan konco dewe.
Masa lalu kuwi nyat guru terbaik, mungkin awakdewe kuwi murid seng bebal, pengene lulus, tapi wegah sinau.

Sampai jumpa di post selanjutnya yo nde, nek enek salah kurange aku njaluk sepurane, nek enek tambahan liyo komen wae ya! :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar