Kamis, 17 Juli 2014

Sebab-Sebab Gagal LDR ( Lemes Didolanani Rindu)


"yang? aku kangen karo kowe banget.. Kapan isoh ketemu?"
"aku yo kangen yang, tapi durung enek wektu lan biaya iki.. tak usahake sak cepete ya :("
Mungkin obrolan neng ndhuwur iki salah sijine kendala hubungan LDR, yokuwi angele ketemu mergo kangen wes ora isoh ditandu.
Terus opo LDR kuwi?
 Ono seng ngartike LDR kuwi..
- LDR : Lali Durung Relationship
- LDR : Long Distance Radianggepship
- LDR : Loro Ditinggal Rabi
Wes pokoke akeh lah arti seko LDR kuwi mau, tapi opo kowe mudeng arti seng saktenane seko LDR kuwi opo?
Yaps, Long Distance Relationship nek ditranslitke neng boso jowo kuwi artine Hubungan Jarak Adoh, hubungan seng dijalin sak pasang seng lagi kadung tresno tapi bedo kuto.
Oke, daripada bingung jomblo randuwe yang lan aku ora bakal neng endi-endi, saiki bakal tak bahas ngopo kok hubungan jarak jauh kuwi kerep akeh gagale? ngopo kok akeh seng selingkuh? ngopo kok bedo kuto? YAIYALAH, JENENGE WAE HUBUNGAN JARAK JAUH, BEDO KUTO....
Titik jenuh setiap hubungan kuwi mesti enek, tinggal piyene kowe nyikapi, tapi LDR kuwi biasane cepet gampang bosen, mergo kurange ketemu utowo isoh disebabke seko faktor ketelu, utowo seng-dibutuhke-ora-pernah-enek. 
Seng jenenge hubungan kan kudune enek pas adem lan anget, tapi seng jenenge LDR kuwi akehwujude mung text-ing.
Contohe pas kono butuh anduk bar futsal, paling kowe mung isoh ngekeki dalam wujud text "Aku elapin keringatmu ya sayang"
terus seng kudune pelukan kuwi anget mung  wujud autotext... Mweheheh~
Oposih bedane LDR karo jomblo kuwi? ketoke podo to? nek malem-minggu dewean?
Bedo tipislah, nek LDR kuwi genah enek sing isoh diceluk "sayang", isoh pamer neng social media nek nduwe "pacar".
tapi nek dipadakke karo jomblo kuwi akeh banget podone, seneng nyesek dewe, nek ra ketemu nasibe malem minggu yo dewean.
Hubungan LDR kuwi hubungan seng paling fleksibel, ono roso nduwe yang tapi yo ono roso jomblo..
Dadi opo penyebabe wong kok do gagal LDR? 
 Keberhasilan wong LDR kuwi patut di acungi jempol, wong LDR kakean gagal neng tengah ndalan mergo sebab-sebab ning ngisor iki...

1. Roso Percoyo Seng Kurang Gede
"Golek kepercayaan kuwi angele setengah modar, tapi mung nggo ngremukke kuwi gampang tenan"
LDR kuwi hubungan seng bedo kuto, otomatis yang-yangan kuwi raisoh tatap moto secoro langsung. Kadang timbul roso kurang percoyo karo pasangan. Biasalah, wong sayang tenan kuwi biasane akeh timbul roso negatif ketimbang rasa positife.
Ojo pernah ngapusi yangmu, soyo yangmu kuwi pas neng adoh, 
contohe roso kurang percoyo pas LDR-an kuwi nek ngelingke maem.. "ndang maem ya sayang?" | "sampun yang..
Pikirane neng endi-endi, neng arah seng negatif, koyo wedi nek de,e ngomong ngono kuwi mung nglegakke ati tok, roso ra percoyo lan kuatir nek durung mangan.

 Dadi mulai saiki jujuro karo yangmu, jujur kunci hubungan kuwi langgeng, tanam roso percoyo neng yangmu seng gedhe, guwak hal-hal seng negatif-negatif.. Guwak adoh-adoh.

2. Roso Pengen Selingkuh/ Kurang Kesetiaan
Saiki ngene wae, nek-kowene-ratau-enek-pas-dibutuhke, lan disaat kuwi neng kono neng cedakke de,e enek wong seng selalu enek walaupun mung sekedar konco, bakal timbul roso-roso gejolak "Nek seng cedak enek pas dibutuhke, ngopo ndadak karo seng adoh seng ratau selalu enek"
 Nah kono dadi nyaman karo lingkungane lan bakal sitik-sitik nglalekke roso sayangmu, timbul roso pengen selingkuh.
Saiki faktor-faktore wong selingkuh kuwi mergo : Wes bosen utowo kurang nyaman karo pasangane.
"Simpel wae: nek kono bahagia karo kowe, kono rabakal isoh direbut utowo lungo, nganggo coro mbuh koyo piye"
Tapi wong seng selingkuh kuwi mergo de,e kuwi : RANDUWE KOMITMEN, WONGE LABIL, SENENGANE BAGI ATI, RANDUWE UTEK, RANDUWE ISEN, RAINE LORO.... HASHHH!!! *curhat*
oke, dadi nek sayang kuwi raperlu seng jenenge aneh-aneh, walaupun kono durung enek nggo kowe langsung, tetep neng sak ati, komitmen, selingkuh dudu dalan seng apik dinggo sekedar pelampiasan, karma iseh ready.
3. Kurange Komunikasi 
Komunikasi neng suatu hubungan kuwi penting, mergo jarak hubungan LDR kuwi dadi angel seng jenenge komunikasi..
Komunikasi kuwi dudu mung sekedar text-ingan, BBM-an, utowo mentionan. mergo komunikasi seng saktenane kuwi seko langsung, tatapan moto, lan obrolan-obrolan anget.
Biasane nek wong seng wes sayang tenan kuwi, nek kangen ra kiro-kiro, soyo pas lagi njalin hubungan LDR.. 
Mesti takok seng jenenge kabar kudu selalu enek.
Ojo pernah seng jenenge ninggal sibuk yangmu tanpo kabar, biasane malah kuatir, seng nyebabke anyel lan kurang roso sayang. 
 
biasakno ngekeki kabar sak sibuk-sibuke kowe, hubungi de,e dhisik sakdurunge dihubungi seng liyo liyane kowe..
Ojo lali ngekeki perhatian-perhatian cilik koyo "ojo lali maem ya sayang" lan sakpanunggalane..

4. Opo-opo Diluwih-luwihke
"Soyo adoh seng jenenge jarak, soyo cedak roso neng ati iki"
Jarang ketemu bakal nimbulke seng jenenge kangen, kangen seng ra kiro-kiro..

Eits, seng luwih kuwi biasane ora apik lho, soyo kuwi nyangkut perasaan, biasane nek ra keturutan ketemu malah dadi nyesek, nesu-nesu dewe.
Kadang wong LDR bar ketemuan kuwi kangene ora malah ilang, tapi nambah akeh lan tambah sayange. Biasane timbul roso posesif utowo perasaan curiga, perasaan khawatir seng luwih.
Dadi coba kurangi roso seng luweh, sak porsine wae dinggo wonge.

Oke, dadi ojo pernah salahke jarak kuwi hubungan LDRmu gagal neng tengah ndalan, malah jarak kuwi seng gawe hubunganmu luwih anget, dadi tambah kangen.
Intropeksi awakmu dewe, endi seng kudu diperbaiki, lan seng kudu diguwak seko awakmu kuwi.

Hubungan isoh awet kuwi asline mung kudu isoh komitmen, ojo pernah nyerah memperjuangke karo opo seng mbok sayangi, nek kowe nyerah berarti sayangmu mung sekedar tulisan.
Sayangi de,e walaupun saiki durung enek neng tatapanmu, durung isoh ngrangkul awakmu, nyekel tangan mu lan ngomong " I LOVE YOU", Sabar kunci seko LDR, kowe sabar kabeh bakal indah.

"Kapan indahe?" | Yo sabar wae.

"Jarak paling adoh seko LDR kuwi dudu diukur seko sepiro adohe nggonmu karo nggone de,e, tapi sepiro gedene niatanmu dinggo ketemu de,e"
Mergo rasane adoh kuwi pas kowe kroso kangen, tapi raisoh ngrangkul de,e, raisoh ngambung keninge, raisoh ngomong langsung nek kowe sayang banget karo de,e.

Yaps, cukup kuwi seng isoh tak share neng catetan moderenku iki, nek enek tambahan sebab-sebab gagal LDR liyane comment ya! utowo ameh curhat! :))

Tidak ada komentar:

Posting Komentar