Kamis, 17 Juli 2014

Tipe-tipe Wong nyindir.


"Wong kok seneng banget ngetwit mben detik... Kurang gawean banget" - Wong nyindir.

Saiki kurang gawean kuwi enek levele, level paling duwur seko kurang gawean kuwi; ngurusi uripe wong liyo.

Iyo, biasane wong nyindir kuwi pinter banget seng jenenge nganggo topeng tapi ramudeng carane nganggo koco.

Salah siji contoh perilaku seko ngurusi uripe wong liyo yo kuwi nyindir, jaman moderen saiki do ameh nyindir kuwi gampang banget, soyo meneh seng nduwe semartpon, utowo leptop seng canggih kae.

Kadang mangkel wae ndelok wong nyindir, rumongso de,e kuwi seng paling bener, seng paling sempurna, padahal menungso kabeh kuwi podo. Podo-podo durung sempurna, kesemprunaan hanya milik Allah - Jarene mbah surti.

Yap awakdewe ora luwih sempurna seko Allah, kowe seng ngomong "wong kok seneng nyindir, mbok wes leren" kuwi asline kowe yo nyindir, nyindir wong seng nyindir, lak luwih menyedihkan to? Padahal kowe wes berusaha (sok) bener..

Urip wong seneng nyindir kuwi saktenane butuh piknik cah. Butuh tenan, coba kowe tuku bigcola, lumayan isoh tekan afrika. isoh nyindir jerapah.

Sadaro kowe kuwi wes gede, wes isoh mbedakke endi seng bener lan salah, Oraperlu dadi seng paling bener, mergo soyo bener awakdewe, soyo salah awakdewe neng matane uwong. Nyindir kuwi ora apik, nek enek wong seng neng matamu kuwi salah rasah sok dibenerke nganggo sindiran, eling nyoba ngoco pisan-pisan, kowe wes perfect durung? wes bener durung? Intropeksi kuwi perlu, perlu banget malah, dinggo ndadekke awakdewe dadi pribadi seng luwih apik.

Nah, aku kali iki bakal mbahas tipe-tipe wong nyindir menurutku.. Woco!



1. Nyindir Nomention
Wong seng koyo ngene iki biasane isoh digoleki neng jejaring sosmed, wani nyindir, tapi ra langsung neng wong, ngarah neng tulisan-tulisan atos seng ditujukke dinggo seng disindir.
Nyindiri seng sesumbar, seng biasane yang-yangan neng sosmed, nyindiri seng senengane nyindir.

2. Nyindir Langsung
seng ngene iki malah seng biasane bahaya, medeni, mergo wani langsung frontal neng raine seng disindir. hehehe..

Nek ngadepi wong ngene iki kowe kudu tetek, masalahe de,e wes tetek sek nek de,e kuwi wong seng paling bener. :)

3. Nyindir Gebetan (Ngode) 
Nyindir iki jane yo mlebu neng point pertama, nomention, tapi ditujukke karo wong seng ditresnoni, upoyone ben isoh peka, ndang mudeng nek seng nydinir kuwi pengen banget daden utowo gandeng karo seng ditresnani.

Ono sih seng ngode neng sosial media nonton trus tikete siji tok trus difoto ditumpuki tulisan "nonton lagi sendirian, kapan sih sama kamunya :(" 




Hmmm, mending nek kowe tenanan sayang, langsung wae jujur timbang ngunu kuwi terus, ra kesel? ra nyesek? De,e yo rabakal mudeng mbok sindir mbok kode ngono kuwi.

Iseh akeh meneh sih tipe-tipene, aku mung isoh njabarke sakmono tok, mergo aku wonge legowo dudu seneng nyindir utowo ngurusi uripe uwong. *mbenake dasi*

Preng, kowe ngono kuwi opo dudu nyindir jenenge?

Karep-karepku, blog-blogku, manx u cp?!

Nah, dadi nyindir kuwi rabedo karo nyisir, podo-podo mbutuhke koco, sakdurunge kowe ngurusi uripe uwong, mending kowe ngoco sek wes patut opo durung? :)

Yowes, mungkin sekirane mung sakmono tok postinganku,nek enek salah kata aku njaluk ngapuro ya, hehehe, nek pengen nyindir langsung wae neng kotak koment ya! Rasah wedi, aku wonge kan legowo. ;)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar