Kamis, 17 Juli 2014

Opo bedane Single karo Jomblo kuwi? PODO WAE !




"Dudu durung oleh tapi durung ono seng pas wae neng ati iki, Aku dudu jomblo tapi single". Sekilas jawabane koncoku bar tak takoki "kowe jomblo to?, Durung oleh?"

Ngopo kok do pengen diceluk single ketimbang jomblo?
Ngopo kok seolah single kuwi luwih apik ketimbang jomblo?
Ngopo kok cempreng nganti yahmene jomblo?
Ups, pertanyaan terakhir tolong jangan dihiraukan yo rek..

  aku pengen ngungkap opo sih bedane jomblo karo single kuwi?

Jomblo adalah SIJI, RANDUWE YANG, RANDUWE OPO SENG ISOH DICELUK YANG, MENYEDIHKAAAN..
Nek single? mmmm... Ketoke podo wae ya.. hehe

LHA TERUS OPO BEDANE?

Ono seng ngomong jomblo kuwi kemproh, nek single resikan.
Ono seng ngomong jomlo kuwi renek seng nyedaki, nek single durung enek seng pas dinggo dicedaki.
Lan ono seng ngomong jomblo kuwi nasib, nek single kuwi pilihan.

Terus nek kowe pengen mudeng wong seng pengen nduwe tittle "single" kuwi koyo piye, mesti mbok takoki koyo seng neng nduwur jawabane "aku dudu jomblo tapi single !"

HELOWWWWW?? Nek menurut pakar jomblo sesurakarta yang bernama seorang "BAYUCEMPRENG"
 wong yang-yangan kuwi sakpasang, sakpasang kuwi enek wong loro seng berpasangan.. PFFFT.
Wong jomblo kuwi siji, yoi dewean, mesakke, randuwe yang.
Wong single kuwi.. Podo jomblo.
 Oke, saiki opo bedane single karo jomblo? Ketoke podo, podo-podo dewean.. PFFFT.
bedo? Tulisane.

Lha terus? luwih apik jomblo opo single preng?
Ngene wae, saiki nek jomblo kuwi berusaha walaupun de,e rapayu, wani berkorban lan wani seng jenenge "jatuh" mergo tresno, Ketimbang seng single, merasa dirinya adalah pilihan, gari milih seng pas. Pilihane wong-wong akeh opo GILIRAN? hehehe.
"Seng "pas" kuwi dudu seng isoh didelok seko fisik, Mergo seng "pas" kuwi seng isoh didelok seko berkorban lan wani jiblok" 
Saiki, kowe nek tuku klambi terus ora dicoba sek opo mudeng nek kuwi "pas" dinggo awakmu? Kadang seng mbok anggep pas malah "klombor utowo keciliken kan? :))
Dadi seko opo seng tak aljabarke mau, menurutmu apik seng endi? jomblo opo single? :)
Jomblo dudu nasip, single dudu prinsip. Saktenane kowe wani berkorban mergo tresno kuwi seng jenenge sip.
Ojo pernah seng jenenge nunggu wong seng pas, wong seng menurutmu sempurna, nek kowe wae ragelem nompo resiko seko jatuh cinta iku.
Terkadang seng menurutmu "pas" kuwi malah seng "nggragas".
Ojo nduwe mental "aku seneng de,e tapi aku wedi nek de,e iseh sayang masalalune, mengko nglarani aku", ojo mikir negatif sek, ojo ra percoyo diri sek, malah dengan kehadiranmu neng kehidupane nggawe de,e isoh lali mbek masa lalune? 

Ojo wedi seng jenenge dilarani, kecewa, utowo digantungke mergo tresno, opo kowe mudeng nek durung mbok lakokke?
Udan rabakal njedul tanpo mendung, podo karo bahagia rabakal enek tanpo kecewa,

Ketoke kowe katmau ngomong OJO terus to preng?
EMASALAH? Seng penting aku wes ngandani kowe-kowe seng bangga nduwe tittle "single". Single mung pengen nek kowe dianggep koncomu kuwi luwih apik seko jomblo,

Nek atimu wes ngondo "aku sayang de,e" lan pikiranmu ngomong bedo "aku wedi nek de,e dudu wong seng pas, seng senengane nglarani", Guwak pikiranmu seng negatif kuwi, ngelangkah sek ojo wedi kesandung lan jiblok, malah jiblok kuwi pengalaman dinggo masa depanmu. Ati-ati mileh sih oleh, tapi ojo wedi nek durung dilakokke. ;))

Cukup sakmene sek ya, see you and ojo wedi resiko seko tresno. Nek enek tambahan utowo ameh curhat comment ya!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar