Kamis, 17 Juli 2014

Wong-Wong Seng Raperlu Ditunggu


Aku seneng banget, seneng tenan. Kowe mudeng ngopo? Aku oleh bribikan ayu tenan. Irunge mancung, pipine chubby, senengane nganggo daster, nek mlaku nglesot...  Halah.

Tiap nompo sms utowo bbm seko de'e atiku ra karuan rasane, tapi akhir-akhir iki aku wes jarang nompo text seko de'e, mbuh ngopo, opo de'e lagi mancing utowo lagi dolanan layangan neng mars, aku mung menungso biasa, sebagai menungso seng sayang karo bribikane biasalah aku luwih kerep mikir negatif ketimbang positife.
...
....
TIba suatu hari, hapeku muni dan aku berharap kuwi texting seko de'e... Akhire tenan nek de'e bbm aku, tapi bbm kali iki ra nyenengke aku, balesan-balesane soyo suwe malah nglarani aku, aku rapopo, ho,o aku ndakpapa..
Ngene iki isi chatku mbek de'e:
"mas, apa kabarnya?"
"baik dek, kamu gimana?"
"Sama mas, aku juga baik. Eh btw, kamu kenal ga sama si parno mas?"
"Kenal, kenapa dek?"
"Suka sering main sama dia mas?"
"Ngga sering dek. Hehehe.."
"Kenapa ya kok dia itu tiap aku sms jutek ya mas, padahal mas tau ga? Aku tuh seneng sama dia."
" *DHEG!* "
Hehehe, betul jare koncoku.. "Biasane, seng mbok tunggu mempeng, malah seng nunggu wong liyo mergo roso seneng". Bar nompo text seko de'e mau aku ra berharap nek bakal isoh nyanding karo de'e. Nggo ngopo? Tiwas kesel ngoyak ternyata seng dioyak tujuane ngrangkul wong liyo.. Hehe.

Oke gaes.. sory jarang ngepost, kakean ngapeli mantan soale.. Kali iki aku mbahas tentang wong seng raperlu ditunggu, di usahake, utowo diperjuangke... Ngopo? nyat rapatut wae. Keep smart ya. ^^
1. Wong seng nunggu wong liyo.


Koyo ceritoku neng ndhuwur mau, percuma kowe nunggu, de'e raseneng kowe, de'e seneng wong liyo. Kowe nunggu nganti bakdo badak, de'e yo rabakal mengenke kowe, sia-sia...
Cudahlah, cari yang lain caja...
2. Wong seng durung isoh move on
Kowe seneng karo uwong, tapi wonge kuwi durung isoh move on seko mantane..
Ati-ati wae nek de'e ngomong seneng karo kowe, mergo seneng seng mbok kei kuwi sesaat, segalane neng pikirane mung kenangane.
Iseh berharap, kowe bakal isoh dadi pendampinge? Pendampinge nggo ngancani de'e ngeling kenangane, haha... Cari yang lain caja deh..
3. Wong seng wes nduwe yang
Kerep aku ndelok, wong-wong luwih seneng golek bahagia seng instan..
Kakean luwih pengen nunggu lan ndelok bahagiane wong liyo kandas dinggo gapai bahagiane...
Kamu sangat menyedihkan...
Nek seng mbok tunggu kuwi langgeng karo yange piye? Sangat menyedihkan ya???
Nunggumu sia-sia...
4. Wonge kuwi mantanmu dewe
"Pekok kuwi, nek percoyo mantan rabakal nglarani untuk yang kedua kalinya"
Sudahlah, mending kowe golek seng anyar, golek pengalaman seng bedo. Tetep bedo rasane numpak montor anyar ketimbang montor lawasmu.. ^^
5. Wonge kuwi ragelem ditunggu
Nek iki jelas, ngopo nunggu seng ragelem ditunggu..
Loh, corone mudeng nek mudeng wonge ragelem ditunggu piye?
Tuhan  selalu mbekali felling kuat dinggo seng pengen tenanan mbahagiake umate... ^^
Oke, dadi cukup kuwi seng isoh tak share ya.. nek enek wong-wong seng rapatut ditunggu utowo pengalaman kowe nunggu tapi sia-sia, komen ya! Ojo isin-isin... ^^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar