Kamis, 17 Juli 2014

FRIENDSHIP OR KONCO BAJI***NGAN




Pernah mesti seng jenenge kowe krunggu obrolan-obrolan ngene iki neng sekitarmu...

Bayu : Preng?
Cempreng : Opo yu?
Bayu : Aku njileh duitmu oleh ora? Suk minggu ngarep nduwe duet tak ijoli..
Cempreng : Yo, tak silehi.. Njileh piro?
Bayu : Ora akeh-akeh kok, mung setengah juta..
Cempreng : Oke..
*Sewulan bar-e*

Cempreng :Yu? Duitku kok durung mbok balek-balekke? Jarene seminggu, iki wes sewulan lho?
Bayu : Waduh aku durung nduwe duit i preng...
Cempreng : Lha terus piye?
*terus bayu nggilang ra mbales sms lan ra nggetok*

*cempreng nesu-nesu*
Cempreng : KONCO BAJINGAN...

Halo arek-arek gemes, wah ra kroso ya postinganku wes nganti kepapat.
Oke, postingan kepapatku iki, aku bakal mbahas friendship or konco baji***ngan (disensor mergo bahasane saru)

Seko obrolan neng ndhuwur mau, bayu kuwi konco seng ora becik, seneng ngutang neng ratau mbalekke.. lak BAJI**NGAN to? Iyo..

Oke, saiki konco seng tenanan isoh disebut friendship kuwi seng piye lan konco seng baji**ngan kuwi piye? KITA BAHAS FRENDSSS....



Terus koyo piye preng konco seng apik kuwi? seng FRIENDSHIP kuwi?




Sssstt.. Genah meh tak jelaske, ndadak takok meneh..
Konco seng apik kuwi seng isoh nggawe pribadine awakdewe dadi luwih apik, ora menyimpang seko tindakan-tindakan negatif, koyo ora ngombe banyu oplosan, ngrokok neng prapatan,ngajari saru utowo hal-hal SARA lan liya-liyane.
Konco seng apik kuwi selalu nyupport kowe neng ngarep lan mburi,enek disaat kowe kesusahan, lan seneng bareng-bareng.
Tetapi kadang konco apik kuwi raselalu enek pas kowe butuh neng suatu tempat seng bedo karo kowe,koyo pas kowe bar ngising pengen dicawiki.. de,e dudu kowe seng keloro, de,e dudu bodyguardmu.
Iyo, konco apik kuwi pokoke ketoklah seko perbuatane, pokoke nek wes nduwe konco apik, dijogo, dirukuni, ojo nganti pedot konco...
Mergooo....
Melu sedih pas koncone lagi sedih, melu seneng pas koncone bahagia, yo pokoke bagaikan pacar seng apik lah, ngajari dinggo ngadohi seng elek lan nyedakke karo seng apik.. :))
"Konco seng apik kuwi terkadang konco seng menurutmu katrok, ndeso utowo seng ora saklevel karo kowe, golek konco kuwi angel, golek musuh kuwi gampang, ojo pernah seng jenenge pedot konco"
Terus konco seng baji**ngan kuwi koyo piye?
Konco baji**ngan utowo konco seng ora apik, seng ngajari hal-hal ora bener, biasane konco ngono kuwi mung nggolek untung seko persahabatan, koyo ngekeki sitik lan mikir piye carane etuk akeh.
Kadang de,e mikir, bergaul karo awakdewe kuwi tujuane mung pengen untung tok, dudu mergo arti "persahabatan" seng saktenane.
Biasane nek dijaluki bantuan, biasane ngomong ora isoh ngewaki lan bakal ngekeki akeh alesan mung pengen ngehindar tok.
Seneng rasan-rasan, neng ngarep ngapiki, neng mburi nujep nggarai ati.. Nyat ASUOG, uripe raisoh bersyukur, ratau nganggo raine dewe, topengan terus..
Saiki ono seng luweh ngetren seko konco seng senengane nujep seko mburi, konco seng ngrebuti yange koncone dewe, ngrebut kebahagiaan demi kesenangan sesaat, saking kekurangan bahagia, lan raisoh golek dewe, pengene mung instan terus.. Duh..
"Nek kowe nduwe konco sg ora apik kuwi ojo dimusuhi, de,e yo pgn bersosialisasi ng salah carane, rubah de,e dudu di hindari :)"  
 
Oke, cukup kuwi tok mung isoh tak tulis neng episot kepapat iki, Kekancano karo sopo wae, seng apik maupun seng ora apik, ojo dadekke wong-wong seng menurute awakdewe kuwi ora apik sebagai musuhe awakdewe. De,e yo menungso seng butuh dielingke lan diluruske pas salah dalan. De,e yo menungso seng isoh salah mileh dalan terus balik neng dalan seng bener lan tobat, Mulai saiki lan sokmben, Dadio wong seng berakhlak apik ben disenengi kabeh konco-koncomu lan isoh nggugah ati konco seng ora apik mau berubah dadi luweh apik. See ya next postingan..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar