Kamis, 17 Juli 2014

Durung Move On Opo Durung Ikhlas?




Wah wes november, bulan anyar, mesti do #novemberwish-an ya? Mugo langgeng karo yange, mugo bahagia karo yange, mugo isoh lali karo mantane...

HAH? LALI KARO MANTAN? Isoh lali karo mantan? Lali jenenge? Lali rupane? Opo sok nglalekke? Padahal kowene wae iseh eling jelas bentuk-bentuk raine??

Akeh seng ngomong sok tegar bagaikan soekarno moco teks proklamasi "AKOE WES LALI,AKOE WES MOVE ON"

Tenan wes move on? kok iseh seneng nyampah-nyampahke mantan?
Tenane wes move on? kok iseh ndredek nek ketemu ra sengojo karo mantan?
Tenanan lho nek kowe wes move on? Kok iseh nyimpen foto bareng de,e?

TENANAN? KOWE WES M O V E - O N ? Kok nyesek nek de,e cedak karo seng liyo??
TENANAN? Lha kok ngekon karma dinggo mbales?
"ben karma seng mbales"????

HeheheLOWWW? Miris ya, jarene ngaku wes lali, wes isoh move on, tapi kok iseh nduwe roso geting, nduwe roso pengen mbales? Kowe ra sadar kan nek kowe iseh NDUWE ROSO karo de,e (woco: mantan)..
"memories that can not be forgotten, it was sincere"

Kenangan kuwi rabakal isoh dilalekke, mbuh nganti kowe wes tuek sekalipun.. Mbuh kuwi kenangan indah utowo sekedar kenangan seng koyo sampah..
Piye sih wong-wong seng durung move-on tenan kuwi?
Seng durung isoh jenenge ucul karo masa lalu?
Opo kowe wes move on?


1. Golek Playonan
Biasane, wong seng durung isoh move on kuwi bakal golek playonan mung dinggo nunjukke neng mantan nek de,e kuwi isoh etuk "yang", tujuane manas-manasi mantan, malah ngono ngetoki nek kowe kuwi durung isoh move on? Nunjukke wong neng de,e mung sekedar manas-manasi, ketok iseh nduwe peduli to?

NOTE: Ojo pernah pengen daden karo wong liyo mung dinggo playonan tok, de,e dudu sepatu seng mbok idak-idak mung dinggo pamer neng masa lalu tok ya!

2. Wedi Flasback
 Suatu hari kuwi pas bengi, koncoku jenenge cempreng lagi asik-asike klekaran neng amben karo ngrungokke radio, disaat kuwi muter lagu yamko rambe yamko, lagu pas mbien bareng karo mantane, pas kuwi tiba-tiba wonge flasback kenangan seng wes lalu pas nyetel lagu kuwi mbek mantane mbien pas romantis-romantise.. Akhire de,e langsung kesel lan mateni radione mau.

Bar mateni radione mau, terus malah udan deres.. de,e kelingan meneh pas ngekeki jaket neng mantane ben ra kademen pas kudanan neng taman.
Loh ngopo kok wedi nek eling? ngopo kok wedi nek flasback? Jarene wes isoh move on?
Malah ngetoki nek kowe kuwi durung isoh move on..
Jenenge move on kuwi rabakal peduli, rabakal ngefek lan rabakal wedi karo seng jenenge MANTAN UTOWO MASA LALU!!

3. Nyimpen Kenangan
Aku nduwe konco seng seneng banget nyimpen opo-opo seng antik, termasuk opo seng pernah dikei mantan, lan kuwi bangga banget dinggo dipamerke, malah terkadang dijogo ben ora rusak barange kuwi, digawe luwih spesial lah, Padahal de,e wes ngomong dewe nek wes lali karo mantane wes isoh move on karo mantane..

Lah? kan move on kuwi wes ora nduwe roso blas mbek mantan to? kok kowe nyimpen barang seng dikei de,e, malah mbok dadekke luwih spesial barange kuwi? Podo karo kowe ndadekke mantanmu kuwi neng wujud seng liyo, mbok eling-eling mbendino lan kowe ra sadar nek kowe kuwi durung move on? HAHAHAHA..

4. Dendam karo Mantan
  Cempreng bar pedot karo yange, de,e nduwe roso dendam seng gede, nduwe roso pengen mbales mergo ora trimo, akhire de,e ngeblock twitter utowo Path,e mantan, nek ketemu neng ndalan meneng-menengan sok gaya ora kenal.

Jarene ngono kuwi carane move on, seng gawe kowe isoh dendam sopo? Masa lalu to?
Seng gawe kowe pengen mbales sopo? Masa lalu to?
Nah, berarti kowe durung genah genah isoh move-on, mergo opo seng digawekke masa lalu iseh mbok terpakke nganti saiki.

5.Senengane Nyindiri #Nomensyen
Pernah mudeng twit ngene iki "Ngopo mbien aku ndadak karo kowe, gelu SU! #Nomention"
Kowe nyindir sopo? Kowe ngetwit kasar nggo sopo? Opo de,e genah kroso? Padahal de,e ngeblock akunmu? HAHAHA
Mudeng ra? seng mbok lakokke kuwi RAENEK GUNANE!
Ora bakal nggawe kowe karo masa lalumu dadi luweh apik? Ora nggawe kowe isoh balikan karo mantan, soyo meneh dinggo move karo masa lalu! RAISOH!

"Luwih apik meneng, daripada omongan malah gawe sepaneng" 

6. Stalking/Kepo/Nyesek Dewe
Piye rasane bar stalking TLe mantan? YAP! Nyesek dirasakke dewe, emosi dewe, ra karuan ameh ngomong piye.. 
Wong kepo stalking twittere mantan kuwi pengen mudeng, de,e nek wes ra karo aku bakal luweh bahagia opo ora? Yange luwih bagus/ayu seko aku ora? Yange seng anyar sikile ono piro?

7. Nduwe trauma lan wedi mbukak ati
Nek ditakoki "ngopo kok kowe ora nggolek yang anyar?" mesti jawabane "wegah kelaran meneh ah"..

Berarti kowe wegah yang-yangan kuwi mergo kebayang-bayang masa lalumu, padahal durung tentu masa depan kuwi podo karo masa lalumu seng seneng nglarani lho? :))
Kapan kowe maju kapan kowe nggapai tujuan, nek kowe wes nyerah mergo masa lalu? ndang bangkit!



Saiki kowe wes tenanan isoh move on durung? Kenangan kuwi rabakal isoh dilalekke, soyo kowe nglalekke soyo jelas neng bayanganmu.
Ikhlaske opo seng pernah singgah neng atimu, ikhlaske de,e urip luweh bahagia karo seng liyo,ikhlas lan isoh nompo opo eneke seko seng anyar. :))

Cukup sakmene postinganku, selamat bulan november ya! Ojo lali move on seko mantan! Komen lan share ojo lali ya!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar